Kontingen Jamnas XII Purbalingga Berpamitan Gunakan Trigatra Bangun Bahasa

Perwakilan anggota kontingen Jamnas XII Purbalingga menyampaikan pamitan serta permohonan doa restu kepada Ketua Majelis Pembina Cabang (Ka Mabicab) Gerakan Pramuka Purbalingga, Kak Fahmi M. Hanif, menggunakan Trigatra Bangun Bahasa
Perwakilan anggota kontingen Jamnas XII Purbalingga menyampaikan pamitan serta permohonan doa restu kepada Ketua Majelis Pembina Cabang (Ka Mabicab) Gerakan Pramuka Purbalingga, Kak Fahmi M. Hanif, menggunakan Trigatra Bangun Bahasa

Lestarikan Bahasa Daerah

Muhammad Sidqi Teja memakai bahasa daerah
Muhammad Sidqi Teja memakai bahasa daerah

“Bapak Bupati ingkang kula hormati, sedaya para anggota Pramuka Purbalingga lan sedaya warga masyarakat Kabupaten Purbalingga ingkang kula tresnani.

Kula nyuwun pangestu saha dunga saking panjenengan sedaya. Mugi-mugi kula saha rencang-rencang budhal kanthi semangat, saged nderek sedaya rerangkening kegiatan kanthi sae, lancar, saha saged wangsul malih dhateng Purbalingga kanthi wilujeng.

Kula saha rencang-rencang tindak kanthi mbakta asma Purbalingga, kanthi pengajab mugi asma Purbalingga saged saya arum, saya misuwur, saha saya dipun mangertosi dening masyarakat ingkang langkung wiyar, kanthi sedaya potensi saha kaluwihan ingkang dipun gadhahi.

Bacaan Lainnya

SaleKula saha rencang-rencang tindak kanthi mbakta semangat Pramuka, lan kula saha rencang-rencang ugi mbakta pengajab mugi saged ndadosaken bingah saha bangga tumrap tiyang sepuh, para pembina, saha sedaya masyarakat Purbalingga.

Kula ngaturaken matur nuwun sangat dhateng Bapak Bupati Purbalingga, Pemerintah Kabupaten Purbalingga, Kwarcab Purbalingga, tiyang sepuh kula saha rencang-rencang, lan sedaya masyarakat Kabupaten Purbalingga ingkang sampun nyengkuyung pangestu saha dunga dhateng kula saha rencang-rencang.”

Pos terkait